PRIMBON JOWO.

NEPTUNING DINA
NEPTUNING PASARAN
Ahad = 5
Legi = 5
Senen = 4
Pahing = 9
Selasa = 3
P o n = 7
Rabu = 7
Wage = 4
Kemis = 8
Kliwon = 8
Jum'at = 6
Sabtu = 9
DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE
Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking
gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng
dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi :
muharram
neptunipun setunggal
Rajab
neptunipun tiga
Shafar
neptunipun tiga
Sya'ban
neptunipun gangsal
Rabi'ulawal
neptunipun sekawan
Ramadhan
neptunipun enem
Rabi'ulakhir
neptunipun enem
Syawal
neptunipun setunggal
Jumadi'lawal
neptunipun pitu
Zulkaidah
neptunipun kalih
Jumadi'lakhir
neptunipun kalih
Zulhijjah
neptunipun sekawan
Kapendhet saking neptunipun sasi kalairan,
Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung
saking 10, lajeng ditilar 9, pinten sisanipun.
Menawi sisa :
1. 2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados
panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya-
liyanipun sampun benten kaliyan dagang.
2. 3 utawi 5, menika wiji kilen, panguripanipun
laku Santri, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun
benten kaliyan saking laku Santri.
3. 1 utawi 4, menika wiji Wetan, panguripanipun
lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun,
sampun benten kaliyan saking laku Priyayi.
4. 7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun
among tani, sanadyan kalih liya-liyanipun,
sampun benten kaliyan among tani.
5. 9, menika dipun wastani : tanpa tenggak tanpa
siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten
kenging dipun perintah, malah mrentah.
PETUNG PANCA SUDA
WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE
Dina Ahad
Legi : Sumur Sinaba
Paing : Wasesa Sagara
Pon : Bumi Kapethak
Wage : Satria Wibawa
Kliwon : Lebu Katiyub Angin
Dina Kemis
Legi : Satria Wibawa
Paing : Lebu Katiyup Angin
Pon : Satria Wibawa
Wage : Tunggak Semi
Kliwon : Bumi Kapethak
Dina Senen
Legi : Tunggak Semi
Paing : Wasesa Sagara
Pon : Sumur Sinaba
Wage : Wasesa Sagara
Kliwon : Satria Wirang
Dina Jum'at
Legi : Satria Wirang
Paing : Tunggak Semi
Pon : Lebu katiyup Anging
Wage : Sumur Sinaba
Kliwon : Wasesa Sagara
Dina Selasa
Legi : Wasesa Segara
Paing : Satria Wirang
Pon : Satria Wibawa
Wage : Lebu Katiyub Angin
Kliwon : Sumur Sinaba
Dina Sabtu
Legi : Bumi Kapethak
Paing : Satria Wibawa
Pon : Wasesa Sagara
Wage : Satria Wirang
Kliwon : Tunggak Semi
Dina Rebo
Legi : Sumur Sinaba
Paing : Wasesa Segara
Pon : Bumi Kapethak
Wage : Satria Wibawa
Kliwon : Lebu Katiyub Angin
* Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten
ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko.
PETUNG PANCASUDA
Kangge nikahake temanten.
Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang
prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake
panganten, miliha dina kang becik kanggo
nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning
pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau
kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap
petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:
NEPTUNING DINA
NEPTUNING PASARAN
Ahad
neptune 3
Legi
neptune 2
Senen
neptune 4
Pahing
neptune 3
Selasa
neptune 5
P o n
neptune 4
Rabu
neptune 6
Wage
neptune 5
Kemis
neptune 7
Kliwon
neptune 1
Jumat
neptune 1
Sabtu
neptune 2
Lamun gunggungan saka neptuning dina lan
neptuning pasaran mau tinemu wilangan :
1. 7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake
panganten utawa wong tuwane tansah tukar
padu nganti salawase .
2. 2 utawa 8, iku petungan : Demang
Kandhuruhan, watake panganten utawa wong
tuwane sok nemu lara.
3. 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin,
watake panganten utawa wong tuwane sok
nemu bungah lan seneng.
4. 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja,
watake panganten utawa wong tuwane sok
nemu karaharjan lan kasenengan.
5. 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan,
watake panganten utawa wong tuwane sok
kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe
niat ala marang dheweke.
6. 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake
panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa
pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu.